Nengah-nengahing pembangunan kang
diangkahi dening sekolah, wektu kuwi para tukang kang arep masang galvalum wis
pada teka. Mesti wae truk kang ngawa para tukang uga ngawa matriyal galvalum.
Pak Gino, mangkono pemboronge yen ngundang kepala tukang iku. Wonge kayane ora
akeh omonge, dhewekne mung inggah-inggih wae yen didawuhi dening pemboronge bab
apa wae kang kudu ditindakake.
Sarehne ndeleng ukurane ruang kang luwih
akeh tinimbang cathetan kang dilaporake, mula barang kang digawa ya kudu
ditambahi utawa disambung, murih bisa dipasang kanthi trep ngono. Aku mung
ndeleng wae kanthi permana apa kang ditindhakake para tukang galvalum iku.
Pak Erik, ngono sebutane pemborong kuwi,
menehi keputusan,
" Ngene No, saiki ngawea siji wae,
coba dipotongake sakmeter kanggo nyambung, supaya cukup apik mengkone".
Sajakne apa kang didawuhake pak Erik, para tukang padha ngerti kang dikarepake,
padha mbagi tugas dhewe-dhewe, yaaaa amarga wis pakaryane, uga pakulinane
megawe ing galvalum. Kabeh pada nyiapake ukuran-ukuran kang dikarepake.
Ora rinasa wektu wis wayah sore, para
tukang padha ngaso, ana kang adus, ana kang leyeh-leyeh sinambi rokokan, banjur
padha mangan ing warungi bu Satumi.
Bengi iku uga diwiwiti maneh alehe
mergawe, angkahe ben cepet rampung pegaweyane. Terus-terus mergawe, ora akeh
kang diomongake, pancene wis profesional ing pengaweyane, ya katon akeh kang
digawe dina iku. Ora rinasa wektu nduduhake jam 01.00 WIB, parak isuk. Sarehne
wis padha sayah, enggal wae mungkasi pagaweyane dina iki.
Kabeh padha ngringkesi peralatane kang
nembe digawe, diringkesi diseleh ana ruang komputer kang dadi papan panggonane
sare.
Pak Gino menthas ngringkesi piranthi
mergawe, dhewekne menyang jedhing kang ora adoh saka panggonan sarene kuwi.
Dumadakan dewekne kepapag dening pawongan kang ayu banget ing ngarepe.
"Panjenengan sinten, kok dalu mekaten
wonten mriki".
"Omahku wetan kene wae, aku wis suwe
mangon ing kene."
"Nami panjenengan sinten".
"Nami kula Dewi, mekaten
tiyang-tiyang ndangu kula, jangkepipun Dewi Sri".
"Wonten wigati punapa tindhak
mriki".
"Apa kang mbok tandhangi dina iki
apik wae, nanging kang ati-ati olehmu mergawe, aja lali marang ujar kang wis
dikarepake".
"Kula mboten mangertos, wicanten
panjenengan".
"Bacutake wae marang bendaramu ing
kene, mengko dhewekne nak ngerti apa kang dikarepake".
Pak Gino noleh marang ruwang komputer,
arep nyeluk kancane, nanging bareng noleh maneh marang Dewi Sri..... Kok ora
katon maneh. Digoleki kiwa tengen, muter-muter pandelenge ya tetep ora ketemu.
Pak Gino banjur menyang jedhing, ora
ngrewes marang apa kang nembe wae kedaden kuwi, terus mapan sare ing ruwang
komputer kono karo kanca-kancane kang katon wis nglempus.
Parak isuk ora rinasa wis ngancik jam
pitu. Katon saka sisih kulon, Pak Gino karo kanca-kancane kang nembe sarapan
mlaku menyang kamare njupuki bekakas kang arep dienggo megawe. Kaya pegawe
profesional ngono kae, ora akeh guneman, padha ibut dhewe-dhewe ngerjakake
galvalum. Kaya-kaya pengaweyan iki wis padha nyawiji karo wong-wong kang megawe
kuwi. Ana kang motong, ana kang ngrakit supaya dadi kuda-kuda. Saking sekene
mergawe nganti wayah awan ora rinasa.
Pak Gino miwiti masang reng sisih lor
kulon gedhung sekolah kuwi. Embuh saka ngendi parane, kok noleh manengen ana
bocah loro kang padha enjot-enjotan ing galvalum kuwi. Kamangka papan kuwi
dhuwure udakara 6 meteran saka lemah.
"Leee aja dienjot-enjot, mengko kowe
rotoh lho!".
"Yo ben." mangkono wangsulane
bocah kuwi.
"Lhoo aja le, mengko tiba, aku sing
dipaidho wong tuwamu mengko!"
"Ora apa-apa, wong penak kok
ngene", karo ngomong mangkono tetep wae karo enjot-enjotan ing galvalum.
Pinujune galvalum kang dipasang wis kuwat, dadine ora nganti ana kang owah.
Dikandhani mangkono, kaya ora ana olehe,
banjur dijarake ngono wae sak tingkah polahe bocah loro mau. Sing baku wis
dielingake, ning ora gelem manut. Pak Gino mbacutake tandhang gawene
ngandhengake galvalum.
Ora rinasa olehe mergawe, pak Gino arep
mudhun, bareng noleh mangulon, dhewekne ngoleki bocah loro mau kang padha
enjot-enjotan. Kosong..... Ora ana sapa-sapa.... Sepi..... Banjur bocah loro
mau mudhun lewat ngendhi. Padahal ora ana andha ing gisore pak Gino lan bocah
loro mau. Pak Gino dhewe mudhune kudhu nyabrang udakara 20 meteran arah ngidul.
Yen bocah loro mau mangidul, mestine pak Gino ya weruh. Nanging kapan bocah
loro mau mudhun.
"Jo, Bejo, kowe apa weruh bocah loro
mau mudhun mrene?", pitakone pak Gino marang kancane aran Bejo.
"Mboten wonten lare lho pak."
"Lho mau ana bocah loro ing ndhuwur
kono, karo enjot-enjotan."
"Saestu pak Gino, wiwit kalawau
mboten wonten bocah kang menek mriki."
"Banjur sapa bocah kuwi mau?"
Pak Gino kaya-kaya pitakon marang awake
dhewe. Kepriye ora mangkono. Lha wong kancane kang karan Bejo kang mentas
diajak rembugan yo ora ana ing sisihe. Banjur sapa kang diajak rembugan pak
Gino mau.
Kahanan kang kaya mangkono diomongake
marang kepala sekolah ing kono.
"Iyo pancene, wis dadi
pangangen-angenku yen wis masang panuwun utawa kuda-kuda arep dianakake
slametan, ben ora ana alangan apa-apa. Mengko wae kareben dirembug dening para
ibu-ibu ing kene lan kapan slametane."
Kocapa carita dianakake slametan panuwun
marang Gusti Kang Murbeng Jagad iki, muga-muga pakaryan kanthiya wilujeng ora
ana rubeda punapa-punapa. Ngih.
Rehab sekolah saka Dewan wis oleh kabar
kang nyenengake kanggoku, senajan ora cocok karo kabar kang sadurunge dak
tampa, nanging dana kuwi pancene diperlokake banget kanggo sekolahku iki.
Para kanca kang kawogang babagan bangunan
banjur dak kumpulake ana ing kantorku. Kabar
kang mentas wae dak tampa banjur dak jlentrehake marang para kanca.
Kanthi ati seneng bisa nampa babagan dana kang oleh saka pengajuwan liwat
DEWAN. Banjur schedule apa wae kang kudu dilakoni, supaya mengko taun
piwulangan anyar bisaa digunakake kanthi tumata wis apik.
Cekake para kanca uga aweh panemu, mumpung
dina preyi kanggone bocah-bocah, kuwi dina kang apik banget kanggone miwiti
mbongkar rong ruwang kelas kang pancen wis tuwa banget umure. Yaaaaah kojur
banget dene ora ana bilahi kanggone bocah-bocah kang padha sinau ing ngisore
bangunan sekolah iki.
"Yen mekaten mbenjang enjing dipun
wiwiti ngandhapake genting kemawon pak," mangkono panemune Pak Wito.
"Pancen kudune mangkono, sesuk
panjenengan ingkang nata para bocah-bocah, supaya pada sengkut yen arep
ngudhunake genteng, ben ora ana apa-apa, mengko dak tembunge marang kang
mbaureksa ing kelas kono.
Sore kuwi kira-kira jam 15.00 WIB aku
mulih saka pawiyatanku yaiku SMPK SALUD, mangkono aku menehi jeneng cekakan
supaya gampang dieling-eling.
Bubar adus, kaya padhatane aku nulis-nulis
ana ing laptopku, apa wae kang ana ing pamikirku ya tak tulis ing kono. Bab apa
wae kang dumadi ana ing jagading pendidikan, pamarintahan, uga gonjang-ganjinge
kahanan kang ana ing Indonesia iki.
Ora rinasa wis ngancik jam 22.00 WIB, kanthi mata ngantuk
aku langsung ngeblak ana ing karpet
cedhak TV, Laptop dhak tutup ngono wae, mengko yen aku tangi sawayah-wayah arep
nerusake olehku ngetik catetan taunan sekolahku.
Mbuh kena dhaya apa ora suwe rinasa kok
ana wong wadon loro moro menyang aku.
"Apa bener sampeyan arep tandhang
gawe ana ing pangonanku?", mangkono
pitakone Mira, jeneng kang ditepungake marang aku.
"Inggih, pancene mekaten punika,
punapa wonten wigati ingkang sae tumrapipun tumandhang gawe samangke?" aku
aweh pitakonan marang dewekne.
"Mboten mangkono, amrih prayoginipun
panjenengan sakanca kedah kemutan dumatheng para leluhur ingkang nyawiji wonten
ing pangonan punika, supados mboten perkawis ingkang mulawatiri pakaryan
punika." mangkono dewekne menehi pituduh marang aku.
Uga ana sawijining
wong wadon sijine kang luwih enom, mung meneng wae, ora melu rembugan marang
aku.
Banjur rampung olehe
caturan, padha pamitan.
Dhak salami kekarone
kanthi esem marang tamu wadon loro mau, aku uga melu mbagekake tekan ngarepan
omah. Bareng dhewekne mbalik klepat saka ngarepku, lhadalah...... Jithokku ....
Pandelengku... Utegku... Kabeh kaya-kaya ora ana gunane kabeh.
Geger wong wadon
lelorone lha kok bolong.... Katon abang,
getih pating dlewer ana ing gegere... Lan maneh... Akeh uler ing
kono????????????? Aku mung meneng wae, ora kumecap-kecap apa-apa. Meneng wae,
karo ndeleng pawongan loro kang padha bali marang omahe.
Aku mung memuji
marang Gusti Kang Akarya Jagad. Kanthi ati kang kebah kawelasan, muga-muga
dosa-dosa dewekne disepura dening Gusti. Emboh kapan dewekne katampa ing Alam
Kelangengan.
Pramuka ing Yayasan Karmel Keuskupan Malang kang manggon ing Provinsi jawa Timur arep nganakake Jambore Pramuka sak yayasan Karmel. Angkahe amrih kegiatan Pramuka dibangkitake saka turune kang wus suwe banget. Kanca- kanca padha ngayahi tugase dhewe- dhewe miturut pambage saka musyawarah.
Wektu kang ditemtokake kurang telung wulan engkas. ateges isih suwe kanggone tata-tata tumrape panitiya kabeh.
Kurang saka sawulan oleh email saka yayasan, jenenge Jambore Pramuka yayasan Karmel ora oleh.... amarga kuwi duweke pramuka nasional kang karan Kwartir Nasional kang nganakake Jambore Pramuka. Banjur jenenge diganti dadi "KEMAH SRAWUNG PRAMUKA" Yayasan Karmel, Keuskupan Malang.
Cekake ngono, Kemah dianakake ana ing Rindam Kodam Brawijaya V Malang kang manggon ing Lawang. Wektune kemah kapilih tanggal 27-29 januari 2012, kuwi kapilih amarga yayasan karmel ganep umure kaping 86 tahun ganep makarya ing duniya pendidikan ing Keuskupan Malang. Peserta kemah saka SD, SMP, SMA, SMK KAtolik, yen dijumlah ana kurang luwih 1.300 peserta kemah.
Wiwit tanggal 26 januari 2012 peserta kemah wis padha teka, utamane saka Banyuwangi, Madura, Bondowoso.
Sekolahku teka ing pangonan kemah jam 11.00, banjur tata arep ngedhekake kemah. Ubarampene wus disiapake dening pembina pramuka, yaiku pak Joko. Siswaku katon rikat banget yen babagan ngedekake tenda ngono ya wis kulina.
Awan iki uga diwiwiti nganggo Deville, ngono isitlah keren sak iki. Devile diwiwiti saka Korwil 1 saka Malang Selatan, kang ngetokake Jaran Kepang, yakuwi SDK Arjosari Kab. Malang, wah jan eram banget, nganti ndadi gono barang, jan apik banget.
Disambung saka Korwil 3 saka Madura, kang mamerake karapan sapi lan kesenian patrol, katon gayeng olehe mamerake kapinterane oleh solah bawa lan solah swara.
Katerusake saka Korwil 2 saka Malang Utara, Batu lan Pasuruan kang ngatonake Barongsai, atraksine maut-maut banget, nganti jejogetan ing ndhuwure kursi tumpuk lima, wihhhh ngeri mengko gek tiba... blug. Ning nyatane jan wasis banget olehe unjuk gelar kuwi.
Ora kalah saka Korwil 4, yakuwi Banyuwangi kang ngetokake Banteng Ngamuk, eh dudu se.... Gudel Ngamuk... lha wong sing diireng-ireng bocah-bocah cilik, dadine dudu banteng.... ning gudel.
Pambuka dirawungi dening Bupati Malang, Bapak Rendra kang uga Lulusan saka SMPK Pamekasan. Ing Kono uga dirawuhi dening Monsinyur Herman Yosep Pandoyo Putra O'Carm. yakuwi bapak Uskup Keuskupan Malang Provinsi Jawa Timur Indonesia.
Pancen kagiatan Kemah Srawung Pramuka iki diajab bisaa kanggo ajang sesrawungan kanthi bisa nuwuhake srawung marang sapadha-padha, kanggo njalin komunikasi lan jejaring sosial kang akeh tanpa winates dening suku, etnis, bangsa, warna kulit, apa maneh bab agama.
Pambuka kanthi rancak kaya kang wis direncanakake, nangging sarehne gayeng wektu kang diwenehake panitiya dadi omber lan bisaa rampung watara jam 18.00 WIB.
Sore wis mancik ing bumi perkemahan Rindam V Brawijaya kuwi, aku mlaku-mlaku menyang tendane SDK St. Yohanes Donomulyo, Bapak Hartoko sematha, kae lho anake kesurupan.
"Yo pancene wis wayah Surup ngene, yo ora apa-apa".
Omong-omongan ngalor ngidul, lan geguyonan gayeng banget ana ing kemah kono diwangsuli dening tangga kiwa tengen kemah.
Aku pamitan marang pak Hartoko, arep mlaku-mlaku ndeleng suwasana ing sore kuwi, dak deleng kiwa tengen kemah pada rapi tarik-tarik ngono kae. Ora rinasa wus tekan kema putri ngone SMPK St. Albertus Donomulyo Kabupaten Malang.
"Ana apa tha nduk", aku ndeleng menjero kemah. Dak deleng Ade meneng katon dulinan tangane, ora suwe nguyu dewe.
"Aku pingin neng kene lho pak".
Aku banjur nyalami tangane Ade. "Emoh ......, aku emoh......, aku seneng melu mbak iki.... Aku emoh mulih.
Katone apa kang diomongake Ade kuwi dudu metu saka pikirane Ade dewe, ana kang manjing ing sanjeroning awakne Ade kuwi. Aku banjur meneng sedhela, njupuk ambegan dawa, banjur nyoba ndeleng sapa kang manjing ana ing ragane Ade kuwi.
Saka njroniing atiku, dewekne dak takoni, "sapa kowe"? Dak deleng sirahe Ade mung gedek-gedek.
"Kowe apa gelem dak wenehi jeneng"? Dewekne manthuk-manthuk.
"Kowe dak wenehi jeneng Sinta, gelem tha?" dewekne manthuk.
Aku bingung, apa kang kudu dak lakoni maneh marang kahanan kang kaya ngene iki. Aku njur meneng wae..... Meneng.... Meneng...
Tangane Ade tetep dolanan apa wae kang cedhak ing kono.
"Coba delengen mripatku, delengen... Delengen.... Sinta... Apa kowe gelem dak dongani supaya kowe mlebu ing surga karo Gusti kang akarya Jagad iki?"
"Iya... Tapi aku ojok diapak-apakno lho. Lara iki..."
"Ya... Nek ngono saiki kowe turua, merem... Merem...". Lessssss, Ade banjur turu ngono wae. Kancane kang cedhak dewekne padha nampani ragane Ade.
Donga banjur dak wiwiti. Rada suwe. Kanthi ati kang tenang... Mantep... Madhep... Marang Gusti Kang Akarya Jagad. Banjur Rama Kawula cukup ping telu wae, kuwi ora ambegan.
Alon-alon tangan tengenku dak arahake wiwit saka sirahe..... Mudhun.... Alon.... Alon.... Mudhun.... Terus pungkasane ing sikil ngisor. Dak gegem, banjur dak uncalake marang mega-mega kareben mumbul marang Gusti kang akarya Jagad. Mangkono dak ambali kaping telu, mesthi wae ora ambegan.
Lega... Plong... Iku kang ana ing atiku. Ora let suwe Ade melek. Tangi. Banjur aweh pitakon marang kancane. "Ana apa iki TA (Okta)?"
Pak Joko esuk kuwi ngandani aku menawa ana tamu. Tamu kuwi Bapake Dewi murid kelas 9 ing SMPK SALUD. Dewi pancen wis suwe ora mlebu sekolah, mbuh apa kang njalari dewekne ora mlebu sekolah. Kuwi isih dadi pitakonanku, senajan wali kelase Pak Edi uga wis bola-bali menyang omahe Dewi, meksa dewekne durung gelem mlebu.
Dina iki bapake ngrawuhi undangan saka sekolah. Pak Joko kang wiwitane ketemu banjur mbagekake Pak Mulyono, mangkono pambagene marang bapake Dewi. Aku banjur tumuju menyang kantorku, ing kono bapake Dewi kang karan Pak Mulyono wis lungguh ana kursi tamu.
"Tepangaken kula Pak Herry,"
" Semanten ugi tepangaken kula Bapakipun Dewi, Kula dipunwastani Pak Mul."
"Kadospundi kahananipun Dewi?"
"Inggih punika pak, kula punika badhe matur blaka suta kemawon dumateng panjenengan. Kula punika dinten niki kok angsal pacoban ingkang ageng. Kadospundi mboten mekaten, anak kula karan Dewi mboten purun mlebet dhateng sekolah. Kula takeni nggih namung mendel kemawon, sanjangipun ajrih medal ngriya." mangkono pak Mul miwiti critane.
"Larah-larahipun kados pundi kok ngantos wonten kedadeyan punika dumateng putra panjenengan" "Makaten Pak Herry, Kala semanten mbok bilih wonten setunggal wulan kepengker, Nak Dewi punika pinanggih tiyang ingkang kadosipun mboten jangkep, sarehne rasukane teles, nak Dewi mesakaken, lajeng dipun pendetaken rasukanipun ibune dipun caosaken dhateng tiyang punika lan purun dipundamel kaliyan piyambakipun". "Bu, panjenengan punapa sampun dahar?" "Sampun tigang dinten punika kula dereng maem." "Mangga, mlebet kemawon wonten ngriya mriki," mangkono Dewi aweh pambage dening tiyang punika. "Panjenengan punika dipuntimbali sinten?" "Aku asring dijuluki wong-wong karan Praba. Bojoku ana ing Kabupaten ing Malang kono, nanging wus suwe dewekne nglalekake aku, banjur aku ya kaya ngene iki, sak geleme sikil iki jumangkah." "Sakpunika panjenengan katuran dahar wonten mriki," Dewi njupukake maem kang sing wis ana ing lemari makan kuwi. Bu Praba katone njupuk panganan kaya lumrahe wong liya ngono kawe, ora akeh, yaaaa ora sethitik. Dewi banjur menyang ruang ngarepan nemoni bapake lan biyunge. Bapake seneng wae yen Dewi bisa aweh pitulungan marang sapadha-padha manungsa kang mbutuhake pitulungan. "Wi, delengen wong kuwi, dewekne ora gelem lunguh ana ing kursi, nanging mung trimo lungguh ing njogan karo maem ngono kae. Kuwi ateges dewekne isih sungkan lan ewuh marang wong kang aweh pitulungan. Wektu ora rinasa wis ngancik pitung dina Bu Praba manggon ana ing daleme Pak Mulyono. Esuk kuwi bu Praba arep mulih menyang Malang, sarehne pak Mulyono ora nduwe duwit kang akeh, piyambake maringi bu Praba ya mung sacukupe kanggo mbayar kendaraan nganti saka Malang wae. Bu Praba matur nuwun banget, apa kang wus diparingake marang dewekne. Ora Rinasa wus oleh rong wulan bu Praba kuwi pamit mulih menyang Malang. Esuk kuwi Pak Mulyono kaget marang kahanane Dewi kang ora salumrahe. Dewekne meneng wae, kaya wong nglamun, ning ora nglamun, matane katon kosong, yen diajak omong mung sakecap wae kang metu saka tutuke. Pak Mul lan bu Mul bingung ngedhap-edhapi. "Wi, kowe apa ora menyang sekolah". " aku wedi". "Lho apa kang mbok wedeni". Dewekne ora wangsulan, mung gedek wae. Malah sok-sok arep metu saka omah, Dewi isih kudu noleh ngiwa nengen, ndeleng..... kaya-kaya ana kang digoleki.... luwih cetha ana kang diwedeni. "Apa kang diwedeni Dewi ? Mbok bilih panjenengan saged aweh pepadang marang kula kaliyan putri kula punika", mangkono Pak Mulyono aweh pitakonan marang pak Herry. Aku meneng sedela, banjur aweh pitakonan, "kadosipun panjenengan mriki punika kaliyan rencangipun, mbok dipun ajak mlebet mriki?" Rencangipun Pak Mulyono diparingi asma Pak Supri. Dewekne uga bisa ngrasake hawane jalma kang ora kanyatan mangkono, cekake bisa kasebut Paranormal. Pak Supri aweh pambage marang aku ," Kula mlebet mriki kadosipun pikantun pepadang ingkang mboten saged digraito. Kaliyan manah kula kados blong, enteng ... mekaten". Pak Mul uga aweh katrangan," Sakpunika Dewi kadosipun bingung marang kaslametane ibunipun, mbakyunipun, ajrih kaliyan ibune mangke diukum," makaten omongane Dewi punika. "Wau dalu kula semedi madosi, punapa ingkang sakleresipun marang kahanan Dewi punika kok mekaten, Kula wastani tiyang sepahipun Dewi ngagem pakaian pethak-pethak, semanten ugi mbakyunipun, kepara kula inggih manggihi tiyang estri ngagem rasukan pethak sedaya kaliyan ngagem jilbab, eh leresipun kados mirip jilbab... Lha punika kados niki (Par Pri nuding gambar ibu Maria kang tumempel ana ing ruanganku), lajeng ibu punipa nyalami sedaya keluargaipun pak Mul," mekaten paninggal kula wau dalu. "Menika mekaten bapak-bapak, kula kadosipun wastani Dewi punika kadosipun wonten ingkang nderek dhateng Dewi punika, mangga mangke dalu kita wiwiti sesarengan saiyeg bebarengan ngangkat rubeda ingkang dipun alami marang keluarganipun pak Mulyono punika. "Menawi makaten, kula sakanca badhe kondur rumiyin, matur nuwun sanget, panjenengan sampun aweh pepadang marang rubeda ingkang kedah kula lampahi sakulawarga." Pak Mulyono aweh panuwun. Candhake ing " Wayang Siluman"
Kala kuwi aku isih sekolah ana ing pawiyatan SMPN 4 Malang ing Kepanjen, Kabupaten Malang., Provinsi Jawa Timur, Indonesia. Wektu kuwi aku nduweni kanca aran Solichan. Dhewekne kuwi keturunan Tionghoa. Senajan ngono dheweke apik marang kanca-kancane. Apa maneh marang aku sing pancen kancane sekolah, ya nunggal desa karo aku. Mulane ya pancen apik banget, sasat ora ana benthike marang aku. Solichan kepara sering banget dolan menyang omahku. Semono uga aku ya sering dolan menyang omahe. Saben-saben dolan mesti sing diomongake pelajaran sekolah kang dialami beberangan senajan aku karo dewekne bedha kelas. Aku ana ing kelas F deweke ana kelas B. Jarene kelas B iku kelas unggulan jaman semana. Dina kuwi pas dina Senin Kliwon, Solichan teka menyang omahku wis sore banget. "Lus, ayo golek tebu," mangkono pangajake Solichan. "Mengko wae, isih akeh tugas kang kudu rampung iki," aku mangsuli. "Lho duwekmu durung mari tah". "Durung, rewangana no, bar iki golek tebu," aku njaluk tulung dheweke. Solichan uga ngrewangi aku ngarap tugas kang kudu dirampungke. Pancen akeh tugas kang kudu dikerjakne. Ngono uga Solichan ya seneng wae ngrewangi ngarap tugasku iku. Bareng tugasku wis rampung, aku ngringkesi buku-bukuku daklebokake menyang tas, banjur dakseleh ana njero lemari. "Chan, ayo saiki golek tebu," mangkono pangajakku "Ayo Lus, endi ladhinge, mengko ngawe opo ngoncekine", Solichan aweh pitakon. Aku banjur njupuk arit ana ing palungan sapi perah ing mburi omah. Solichan ya melu wae ana ing mburiku. Aku banjur ngajak dhewekne menyang sawah kang ora adoh saka omahku, yaiku ana ing mburine omahku udakara 300 meteran saka omah. Aku karo Solichan mlaku sinambi ngomong ngalor ngidul babagan sekolah. Sabanjure tekan sawah ing sebelahe sawahe wongtuwaku ana kebon tebune tangga. Aku ngajak Solichan njupuk tebu kang ana ing pinggiran wae. Mesti wae aku milihake tebu sing paling gedhe lan tuwa, amrih akeh banyune lan legi. Tebune dakjupuk rong lonjor wae, mengko yen enthek buru njupuk maneh, mangkono pamikirku. Yo gene tebu loro wae dipangan wong loro ora entek, krasa wis tuwuk olehe mangan tebu kuwi, Solichan ngacak aku mulih. Aku ya nyarujuki wae, amarga wektune ya wis wengi udakara jam 12.00 wengi. Aku mlaku ana ing ngarepe Solichan, jalaran dewekne ora ngerti dalan kang kudu diliwati. Aku mlaku karo dewekne sinambi crita ngalor ngidul lan ngetan ngulon ora karuwan jluntrunge. Aku ora lali ya ngawa senter, amarga dalane akeh blegongan kang kudu dicoloki amrih ora keblegong. "Chan, dalan ing ngarep iki wis penak, saiki kowe ana ing ngarep wae supaya kepenak mengko mlakune" aku prentah marang Solichan. "Ya Lus aku tak ana ing ngarep wae." Solichan lumaku ana ing ngarepku, ora lali ya daksenteri senajan dalane wis kepenak. Ing ngarepan kuwi ana wit-wit pager kang ngrumbul ing pinggir kang kudu dakliwati karo Solichan. Ujug-ujug Solichan mendeg , "Sapa kuwi Lus, kok ngadeg ana ngarepan iki, gedhe uga lho?" Daksawang wewayangan ing ngarepe Solichan pancen gedhe dhuwure udakara rong meteran, Ireng peteng ngono, pancene wektu kuwi isih anggel listrik.Senter sing dakurupake, nanging kok ora muru, dak puter-puter setelan kang ana ngarepan, ya tetep wae ora murup. Kok aneh, pikirku, nanging githok iki wulune padha ngadheg kabeh. Aku banjur kelingan yen githoke padha ngadeg wulune iku mertandhani yen ana gendruwo ing kono. Aku tetep meneng wae ana sakngarepe wewayangan ireng kang gedhe dhuwur iku. Tanganku tetep wae ngobah-obahake senter supaya bisa murup. Atiku daktata supaya aku ora mlayu. "Sinten niku?" pitakonku marang wewayangan ing ngarepku. Solichan mung meneng wae, kaya-kaya aku iki ora ana kancane. "Sinten niku?", sepisan maneh aku aweh pitakonan. Wewayangan kuwi tetep meneng wae, ora aweh wangsulan, ya ora obah saka dhewekne ngadeg ing ngarepku. Atiku tansaya goreh maneh, wah tenan iki, aku iki diwedheni gendruwo, githokku tansaya kenceng wulune ngadheg. Aku ora oleh kalah karo wewayangan kang durung mesthi dununge iki. Yen aku mbalik memburi, ateges aku kudu ngliwati punden ing ngisor wit ringgin kuwi. Ateges godane luwih kenceng maneh, luwih ngegirisi maneh. Aku wis nduweni krenteg ora arepe mbalek maneh utama mundur senajan sak jangkah wae, ora, ora bakalan. Yen aku mundur ateges aku kalah karo wewayangan ing ngarepku. Atiku tansaya muntap maneh, amarga kaping pindho pitakonku ora diwangsuli, ngajak apa wewayangan iki, arep dakladeni tenan. Sepisan maneh aku aweh pitakonan, yen ora diwangsuli, arep dak ajak gelut. "Sinten niku, napa niku tiyang?" pitakonku dak mabterake. "Iya le, iki aku", wangsulane kaya tanggaku sebelah aran Buk Yah. Bebarenganwangsulan mangkono, senterku kang dak arahake pener raine murup byar..... Pener rai. Lan katon rupa kang putih memplak, kaya ora ana getihe babar pisan.... mripat kang manther ora obah.... gulu kaya-kaya wis kaku ora kena diobahake... sinambi mangkono dheweke sendhakep kanthi kaku, dheweke munyerake awak, mbalik mlaku searah karo aku. Atiku tansaya manthep maneh, yen aku tatag, aku bakal diwedheni karo lelembut iki. Dak sawang dewekne mlaku ing ngarepku. Sandal jepit kang digawe tansah muni ketaplekan ke na lemah. Bener apa ora aku keprungune ya mangkono iku. Kancaku Solichan ora wangsulan babar pisan, kaya-kaya aku ora kelingan yen nduweni kanca ing mburiku. " Lanopo njenengan kok dalu-dalu kluyuran wonten mriki?" pitakonku marang Buk Yah kuwi. "Yo iku le, Pakdhemu (mbasakake bojone marang aku) iku nak wis rong wulan iki ora muleh, biasane ya saba kene nek bengi ngene iki." wangsulane buk Yah. " Lha kok dangu mboten wangsul, nopoa?", karo pitakon mangkono, aku nyepetake laku supaya aku bisa nyusul dhewekne, mangkono karepku, nangging tansaya dakcepetake, dhewekne ya mlaku kanthi cepet. Malah tansaya katon adoh saka aku. Aku banjur alon-alon, dhewekne ya alon-alon wae. " Aku ya ora weruh pakdemu iku menyang endhi, jarena tangga-tangga nek bengi ngene iki neng sawah kene." mangkono wangsule buk Yah. Aku mbathin, aku mlaku cepet, dhewekne ya cepet, yen aku alon, dhewekne ya alon. Bener iki. Aku maune arep diwedheni karo gendruwo iki. Jalaran aku ora wedhi, dewekne maleh dadi kaya wong tanggaku kuwi. Ora krasa, wis meh tekan enggokan arah pener omahe wongtuwaku. Katone buk Yah mlaku tansaya cepet wae, aku saka enggokan aku ngoleki buk Yah, lho kok ora ana, nangging kuwi ora dak anggep nemen. Bareng tekan wit kang peteng, penere saka wit rambutan ngarep omahe buk Yah, aku ngawasake wewayangan ing petengan kuwi katone kaya kang dak weruhi mau lumaku ing ngarepanku. "Mangga buk Yah." mangkono pambageku marang dhewekne. "Iya le, ati-ati ya," dewekne menehi wangsulan. Aku lan Solichan, mlaku terus wae arah omahe wongtuwaku kira-kira rongpuluhan meter saka lungguhane buk Yah mau. Saka omah aku dibukakake ibuku. " Buk, aku mau ketemu karo buk Yah ana ing sawah." "Lha napo, apa kurang pengaweyan, bengi tengah wengi ngene kok nang sawah". "Iya, aku mau ya omongan, jarene ngoleki bojone, wis suwe ora mulih". "Iya pancene, bojone wis suwe ora mulih, minggat jarene ngono, ora karuan parane menyang endi". "Tenan buk, aku omongan karo buk Yah, yo Chan," Solichan manthuk wae. "Nek ora percaya saiki wonge lungguh ana ing ngisore wit rambutan iko", aku njlentrehake. "Saiki ya delengen neng kono, rak ora ana". Aku ora percaya, banjur aku ngajak adhiku ndeleng ing papan palungguhane buk Yah. Lho, kok ora ana, aku ya mbalek maneh menyang sawah kanggo mbuktekake yen buk Yah mbok menawa ana ing sawah kana. nanging tetep ora ana. Isuke aku oleh pawarta saka ibuku yen iki mau ketemu buk Yah ing pasar krempyeng, dhewekne ditakoni ibuku, apa bener dewekne mau bengi menyang sawah. Buk Yah mansuli, la lapo aku nyang sawah bengi-bengi, apa sing takgoleki. Aku tansaya yakin sakyakine yen mau bengi aku wis ngadepi gendruwo kang wis memba-memba dadi manungsa kang dak kenali. Lan aku tansaya yakin menawa ing alam kasunyatan iki ana makhluk liya kang ora kasat mripat.
Taun 1998 penere wulan Nopember, kuwi wulan kang gawe senenge atiku. Yo gene aku kok seneng, Kepriye ora seneng, yen apa kang dikarepake bisa kaleksanan kanthi apik lan cocog karo kang dikarepake. Wulan Nopember 1998 aku nampa SK Pindah saka SMAK Yos Sudarso Kotatif Batu menyang SMPK St. Yoseph Kepanjen. Kang njalari atiku seneng, amarga sekolah kang dakpangoni iki klebu tangga omah, dadi yo ora adoh. Yen pinuju bel sekolah yo mesthi keprungu saka omah, lha wong dempet banget karo panggonanku kost.
Dina kuwi dina kang wiwitan anggonku mlebu sekolahan anyar. Aku wis akeh kang kenal karo Bapak Ibu Guru kang mulang ing sekolahanku kang anyar iki. Nanging aku tetep wae dikenalne kanthi resmi kaliyan Bapak Kepala Sekolah. Ing perkenalan kuwi aku kebageyan Mulang Olahraga lan Basa Jawa, uga diwenehi tugas ing Perpustakaan. Pancen tugas tambahan liyane kudu bisa dileksanakake ing sekolah iki. Aku mung melu wae apa kang didawuhake Bapak Kepala Sekolah apa kang kudu daktindakake. Ananging ing njerone ati aku mbathin, aku iki wong asli Malang, Basa Jawane Malang jan amburadul tenan, malah sok diwolak-walik. Apa bisa aku mulang bocah SMP ngenani basa Jawa iku, mengko yen kliru kepriye. Atiku ora jenjem, ning aku uga ora isa nolak. Jarene ngono, Guru kuwi kudu bisa kaya dalang, “Menange Mung Sewengi”.
Dina-dina candhake daklakoni kanthi premana, kanca-kancaku padha melu nyengkuyung apa sing dakprogramake. Ora krasa wis oleh seminggu anggonku mulang ing sekolah anyar iki.
Aku diwenehi uga tanggung jawab mbimbing ekstrakurikuler Olahraga. Kang dakpilih yakuwi Nglangi. Jalaran pancen ing babagan nglangi kuwi special kang daksenengi dhewe. Bocah-bocah uga seneng yen dakwulang wancine nglangi, ana sing gocegan karo kancane, ana kang wus bisa nglangi, yen daksawang-sawang pancen nyenengake dadi guru kuwi, apamaneh yen bocahe padha seneng nampa piwulangan, mesthi bakal cepet pinter-pinter.
Wiwitane pancen yo ana sing ngombe banyu kolam, ana kang kupinge kelebon banyu. Pancene yen bocahne durung patiyo iso nglangi, mesthi ana wae sing dialami. Malah ana salah siji lan loro guru kang ora sarujuk yen bocah-bocah diwulang ekstra nglangi, jalaran bahaya, mengko gek ana bocah kang kedelep. Aku uga menehi alas an kang maton, “ Kabeh sarana Olahraga iku mbebayani, ora ana sing ora mbebayani, kabeh yen dilakoni kanthi aturan kang wis gumathok, mesthi bakal adoh saka bilahi”. Mangkono wangsulanku.
Dina-dina candhake lumaku kanthi nyenengake, lan bocah-bocah wis akeh kang padha pinter nglangi. Nanging aku yen wancine mulang nglangi, tetep wae ngawasi lan aweh pituduh amrih bocah-bocah ana kemajuan kang apik. Lan aku uga tetep maspadhakake kabeh bocah kang dak wulang. Sawatara wektu yen pinuju wis cukup kanggo menehi pituduh lan nambahi kapinteran bab nglangi, bocah-bocah dakwenehi kebebasan kanggo ngaso, utawa kang wis wasis nglangi dak ajak balapan karo kanca-kancane. Yo mesthine aku dadi jurine, sapa kang apik olah bawane bab nglangi, lan sapa kang paling cepek teka ing finish. Yen wis ngono iku tansaya lali marang wektu, weruh-weruh ana bel wesi kang dithuthuk petugas kanggo tandha 15 menit maneh regol kolam bakal ditutup.
Dina kanggone latihan ekstra nglangi pancen dina Kamis, dina kang resik kanggo banyune, amarga dina Rebone kolam wis dikuras, dadi yo resik tenan. Katon banyune bening lan seger, pancen banyune dijupuk saka sumbering langsung lan yen amber uga langsung dibuwang menyang kali. Kali kanggone pambuwangan diarani Kali Metro, kali kang amba banget udakara 20 meter lan jerining udakara 25 meteran, Ning banyune ora jero nemen. Yo banyu Kali Metro kuwi kang mengkone kanggo pembangkit Tenaga Listrik ing Karangkates.
Dina Kemis isuk bocah-bocah wis padha ndaftar yen mengkone mulih sekolah arep melu nglangi. Dina iki pas dina Kamis Kliwon. Bocah-bocah kang melu nglangi ana yen 20 bocah, daksemayani mengko jam loro awan aku wis ana ing kolam. Bocah-bocah ana kang matur yen arepe langsung menyang kolam. Senajan bocah-bocah akeh kang wis bisa nglangi, aku wanti-wanti supaya ana ing jethekan wae, mengko yen wis aku teka, banjur neng jeroan.
“Nggih pak,” mangkone wangsulane bocah-bocah.
Jam loro kurang limang menit aku wis teka neng kolam karo anakku Raindy, kang wektu kuwi umur patang taun, kang wis wasis banget bab nglangi kanggone sapantarane. Pancen dheweke seneng banget yan dijak menyang kolam, malah dipilih ngambek yen ora dijak nglangi. Dheweke seneng banget yen weruh banyu. Mangkane aku uga menehi piwulang khusus kang special kanggone, supaya engggal wasis ing babagan nglangi, yen mangkono atiku ora sumelang yen dewekne kedhelep. Jalaran bocah sakmono iku ora ngerti bebayane marang banyu.
Bocah-bocah dakdeleng ana kang wis nyemplung kolam padusan kuwi. Weruh aku teka, enggal-enggal mentas lan padha marani aku. Ora let sedhela aku wis menehi starching (pelemasan) lan warming up (pemanasan) ngono kuwi, yo kaya guru olahraga ngono kae hihihihi. Ora dhing. Pancene aku guru olahragane kok.
Bocah-bocah semangat banget anggone nglaksanaake piwulangku. Ana nek sepuluh menitan. Banjur dakkongkon nyemplung ing pinggire kolam, lan dakterusake piwulang sabanjure kaya biasane. Ora perlu dijelentrehne tho. Yen guru olahraga mesthi bakal weruh, apa kang sabanjurne ditindhakake.
Aku mesthi menehi pituduh saka njabane kolam, maksudku ana pinggire kolam nglangi, menehi piwulang, sinambi mbiji bocah sapa kang wasis, mesthi dakwenehi biji apik, kang kurang dakwenehi pituduh sabanjure kanggo ningkatake keprigelane ing babagan nglangi.
“Pak sampun sayah, ngaso nggih”, ana sawijining bocah kang matur mangkono.
“Sedhela maneh, yo cah”, wangsulanku.
Ora watara suwe aku mungkasi anggonku aweh piwulangan nglangi. “Wis cah, saiki kowe oleh sakarepmu, kang wis wasis, ayo banter-banteran nglangi, bocah kang durung wasis kono ing jenthekan wae, karo anakku”.
Ana nek enem bocah kang wasis wis siyap ancang-ancang arep balapan nglangi. Aku mung menehi aba-aba wae, wis padha ibut nglangi cepet-cepetan. Kang ndhisiki tekan pinggir sabrang senenge ora mekakat, kancane diece ngono, wong pancene bocah umur 14 tahunan, yen guyonan karo kancane padha ngece-ngece ngono.
Dak deleng saka kidul kok Andi mlaku cepet-cepet jalaran tekane telat. Ora telat kok, mung meh bubaran iki, lha piye ora ngono, kancane wis rampung lehe latihan lha kok dheweke mentas wae teko.
Aku nglangi mangetan lan mangulon bola-bali karo bocah-bocah kang wis wasis ing kolam kang jero. Aku mandhek ing sisih kulon. Kok banjur kelingan marang Andi kang nembe teka kuwi.
Aku takon marang bocah ing cedhekku,” Andin ing pinggir endi iki mau kok ora katon”?
“Mboten sumerep pak”.
Ujug-ujug ana bocah kang mbengok ing cedhakku. “Pak, kok wonten lare ing ngisor mriku kok kuwat banget mboten munggah-mungah sampun kalawau!”. Dhek, tratab atiku, atiku kaya ana kang ndudhut, kelingan Andi kang ora katon watara rongmenitan. Aku enggal-enggal munggah saka banyu kolam. Saka ndhuwur aku ambyor sak kuwate mengisor. Tanganku dakobahake sakbantere nangging meksa ora enggal tekan ngisor pener bocah kuwi. Rumangsa aku ora bisa tekan ngisor, dakgelak awakku munggah nyedhul mendhuwur.
“Pak, pak tulung ana bocah kedelep ing ngisor iki!!!”, pambengokku dak banterake. Saka sisih lor ana pawonggan kang enggal-enggal cucul kaos, langsung terjun banter banget menyang kolam tumuju pener bocah kang kedelep ing ngisorku. Saka mencungule bocah kedelep kuwi karo Santo, ngono panhyeluke marang bocah kang nulungi kuwi. Saka njaban banyu bocah mau langsung dakdeleng. Lho, lho… Sirahku langsung krasa puyeng, bingung, atiku rasane kaya ilang saka ragaku. Kepriye ora kaya lemes-lemesa, lungkrah awake, lha bocah sing nembe dientas kuwi jebule…. Jebule… Andi…. Ya Andi muridku. Jan tenan iki pancene Andi.
“Waduh piye iki, banjur apa kang kudu dak tindakake, aku banjur piye, bingung, mengko gek bocahe mati, iki mesthi dadi tanggung jawabku, kepriye mengko lehku tanggung jawab marang wong tuwane,” akeh banget pitakon ana ing njerone atiku, senajan mung sedhela.
“Tulung diangkat kene”, panyuwunku marang bocah ing pinggire. Aku menehi pitulungan nafas buatan kanthi nekan dhadhane supaya banyu ing dhadhane enggal metu. Bola-bali dhak lakoni. Aku njur kelingan piwelinge Guru Kebathinanku, “Yen kowe ngalami prastawa kang nyalawedi, iku ateges ora salumrahe. Kowe kudu ora ambegan sakkuwate, yen prelu ya dikuwat-kuwatake karo ndongaa ‘Rama kawula ing Suwarga’ diucapake bola bali karo aja ambegan”.
Apa kang dadi piwelinge Guruku, langsung daklakoni, awakku krasa panas kabeh lan kringet sak jagung-jagung padha dleweran saka raiku, dhadhaku, gegerku, ning kuwi ora dak gubris blas. Ing atiku aku kudu njupuk lan ngawa nyawane bocah iki marang ragane (kaya diajarake marang aku). Bola-bali aku uga nyebut jenenge Andi, Andi, Andi, terus bola-bali…
Posisine Andi banjur dak ubah sikile neng ndhuwur, dicekeli karo wong loro. Ora ana perubahan apa-apa. Dakpindah maneh posisine mengkurep, sirah dimiringake, banjur dak wenehi pernafasan buatan maneh lan ora ambegan aku ndoga ‘Rama kawula ing Suwarga’ makaping-kaping, uga ora lali daksebut jenenge Andi, Andi, Andi, bola-bali.
Malah ana kang cluluk, “ Digawa nang Rumah sakit wae”.
“Ora, bocah iki kudu ana ambegane dhisik, mengko keno digawa mrana,” mangkono jawabku.
Ana nek limang menitan olehku menehi pernafasan buatan, rasane aku kok wis ora bisa nulungi Andi, nangging tetep wae dhak lakoni menehi pitulungan.
“Huk, ….. Hoek….,” keprungu swarane Andi arepe muntah, nanging ora ana sing diwutahake, senajan banyu ya ora ana sing diwutahake. Praupane Andi sakala abang, mripate wis ora putih maneh, malih katon irenge. Aku banjur nyuwun wedang teh panas marang pawongan kang njaga kolam. Ora suwe banjur wedang tehne wis teka. Andi banjur dakwenehi wedang kuwi.
“Ndi, kowe sing tenang wae, ana aku, ora usah bingung, Bubar iki kowe dakterake menyang omahmu. Saiki ombenen dhisik wedang iki.” Mangkono olehku ngandani marang Andi.
Andi meneng wae, kaya wong kang lagi bingung. Aku banjur mrentah kancane supaya diajak ganti klambi, lan enggal-enggal aku ngeterake menyang omahe dak bonceng nganggo sepedha primaku.
Kurang luwih limalas menit wis tekan omahe. Ing omahe kosong, katone ora ana wonge. Andi banjur mlebu saka lawang kiwa omahe. Ora suwe bapake mbagegake aku supaya pinarak ing omah.
Aku banjur nyritakake kahanan kang mentas wae dialami dening Andi ing kolam renang sore iki. Bapake ya ora precaya marang apa kang mentas wae dialami Andi, Lha wong Andi kuwi wis bisa nglangi, gek cita-citane arep dadi Polisi, mangkono bapake olehe crita.
“Kula kalawau dipun sanjangi pak Herry, lajeng kula cucul kaos banjur nyemplung wonten toya.” Andi miwit critane, “ Kula banjur nglangi ngetan ngilen, wonten ing kilen kula wonten ingkang nabrak sirah kula, lajeng kula mboten kelingan napa-napa”.
Aku banjur matur bapake, “ Kadosipun Andi menika taksih wonten ingkang ndampingi, mbokbilih wonten wekdal sakmangke dipunpadosaken tiyang sepah, kersanipun mantep manahipun Andi. Menawi mangke kraos njarem wonten ing dhadha utawi wonten geger, menika saking pernafasan buatan ingkang kula tindhakaken.”
“Kula nggih matur nuwun, dumatheng pitulunganipun pak Herry, umpami mboten dipuntulungi panjenengan, kula mboten sumerep ingkang samangke kedadeyanipun. Monggo unjukanipun dipunrahapi.” Mangkono bapake Andi ngendikan.
“Sami-sami pak, kula nggih matur nuwun sanged, menika sampun dados tanggung jawab kula, mbokbilih wonten kirangipun kula nggih nyuwun pangapunten ingkang kathah.” Aku mangsuli.
“Sarehnipun sampun dalu, kula badhe nyuwun pamit, mangkono pamitanku marang bapake.
***
Sesuke Andi ora katon.
Aku menyang ruangane bapak Kepala Sekolah, banjur nyritakake kahanan kang dhek winggi dialami marang Andi, dak critakake kabeh.
“Kang baku, kowe wis bisa tanggung jawab marang apa kang kudu ditindakake supaya ora ngrugekake wong tuwa lan sekolahan”.
“Nggih pak,” Sakpunika Andi mboten mlebet, mbok bilih taksih dipun tambakaken kaliyan tiyang sepahipun.”
“Ya sing ati-ati olehmu makarya lan momong para murid kabeh.”
Rong dina Andi ora mlebu. Para guru pada nakokake kahanan Andi marang aku. Dakwangsuli apa kang ditindhakake wong tuwane Andi, supaya oleh pitulungan medis lan magis.
Isuk kuwi aku ndeleng Andi ana ing ngarep kelase karo kanca-kancane. Aku ora sranta, banjur Andi daktakoni.
“Kula banjur kelingan pak, dhek kepengker kula dipun ajak tiyang sepah jenggotipun pethak nglengsreh lemah mekaten, kula dipun tuntut mlampah kaliyang tiyang punika, lamat-lamat kula mireng pak Herry nimbali jeneng kula, dangu-dangu tansaya banter, tansaya banter, kula banjur dipun ujulaken gandenganipun tiyang sepah punika dhateng kula. Ngggih pak, tiyangipun lajeng mlampah piyambakan, kula dipun tinggal mekaten.” Mangkono penjlentrehe Andi.
“Lha terus kepriye kahananmu ing ngomah”, pitakonku.
“ Awak kula sedaya kados lungkrah sanget, Njarem sedaya pak,” mangkono wangsulane Andi. “Kala wau dalu kula nggih dipun ajak, nanging kula mboten purun, lajeng kaleyan bapak kula dipunusapi toya pethak, kula saged bubuk kepenak.” panjlentrehe Andi.
“Yoh sing ati-ati anggonmu ngadepi urip iki, awake dhewe sadermo nglakoni, ora kuwasa marang ngaurip, bisane mung nglestarekake urip iki kanthi becik”, pituturku marang Andi. Banjur dhewekne dakkongkon mlebu menyang kelase.
Dina kuwi Senin tanggal 8 Agustus 2011, dina kang kanggoku apik kangge miwiti makarya ing panggonan kang anyar. Aku kadapuk dari Inspektur Upacara. Tak dheleng bageyan Kesiswaan wis umyeg sepuluh menitan kanggo nyiapake para siswa supaya katon apik tarik-tarik kanthi rapi. Miwiti upacara disiarake kanthi sigrag banget. Rampung prosesine upacara, bageyan Kesiswaan menehi prentah marang para siswa supaya aweh salam kenal marang Kepala Sekolah kang Enggal.
Dina iki kelakon kanthi ati kang kebak pangarep-arep kanggo kemajuan sekolah iki. Ora bisa dinyono dening ing tlatah segara kidul wae isih ana semangat para pejuwang pendidikan kang nduweni semangat kaya pejuwang kemerdekaan tahun 1945. Para guru pancen rata-rata umure meh padha karo aku. Ning uga ana kang wis tuwa, senajan ngono ngormati banget marang aku.
Ora akeh sing daktindakake, mung ngrungokake wadulan saka guru siji mbaka sijine.. Kabeh wadulan mau dak simpen ana ing catetan cilikku kang mengkone dak pindah ana buku kang daksiapake. Kuwi mau amarga pakulinanku kang wis asring daklakoni nalika ana ing sekolah sadurunge. Dadi apa kang dak rungokake saka bapa ibu guru lan karyawan mau kabeh wis ana ing catetanku kabeh.
Awan kang ora rinasa kok meh wae mungkasi angonku makarya. Ning emboh apa kang njalari aku kok ujug-ujug kepengin mlaku metu saka kantor kang nembe wae daklungguhi kuwi. Aku metu saka kantor lan tumuju gerbang kidul sekolah. Sepisan maneh, embuh daya apa kang ana ing atiku kok aku kepengin ngubengi sekolah. Kamangka dalan ing kiwa tengene sekolah kagolong rada angel, kuwi mau senajan nganggo sikil. Atiku kok kaya ana sing ndudut-ndudut ngono kae. Aku mubeng sekolah tanpa ana apa-apa kang dak pikir. Apa kang dumadi kuwi ya salumrahe ngono wae. Pas ana ing engokan aku mandeg karo noleh kiwa tengen, kaya-kaya ana sing tak goleki, nanging aku uga ora nemoni apa sing arep tak goleki. Atiku rumangsa ana kang ganjil ing kene. Ning aku ora patiyo ngreken marang omongan ing atiku.
Ora rinasa wis wancine mulih saka SMPK SALUD iki (Red. Ngono sebutanku kanggo SMP Katolik St. Albertus Donomulyo), nek sekolah sadurunge dhak jenengke SMPK SANCA (Red. SMP Katolik St. Antonius Sumberpucung Malang). Aku mulih saka SMPK SALUD jam 13.00 WIB, numpak sepedha lanang gedhe, jiiaaan penak tenan numpake senajan ana jeglonggan amba ya ora krasa, terus mlayu banter wae sepedhane, wong bane ya gedhe.
Saka ngomah wis krasa kesel banget, aku leyeh-leyeh ing kursi tamu. Eh lha kok jebule keturon tenan, ya matur nuwun Gusti, isih diparingi bisa turu kanthi penak. Coba dielingi kanca, yen ora isa turu, njur kepriye carane supaya isa sare, akeh ta carane. Malah kadhing-kadhing ora nemu cara kang ampuh. Njur mupus atine. Jarene Gusti ora mirengake lehne ndonga makaping-kaping.
Aku tangi ora watara suwe amarga ana tamu kang ngebel ing ngarep lawang omah. Yo kanthi isih ngantuk aku tangi saka turuku kuwi, jebule iki mau wis bengi ta. Amrih lampu ruang tamu diurupake, dadine aku ya apal banget. Iki mau mesthi sisihanku sing ngurupke lampu kabeh yen aku lagi turu ngono kuwi. Jan pancen sisihanku jan ngerti tenan marang ramane kang lagi sayah.
Bareng lawang tak bukak, aku kaget jan meh jomblak banget, kepriye ora njomblak. Tamu wong loro mau rupane ireng, tangane ya ireng, sikile saka ngisor katone yoooo ireng pisan. Kaget aku, ora mung kuwi, bareng dhak dheleng tamu sing sijine jebule yo padha ireng ngono kuwi, nanging dheweke luwih dhuwur tinimbang sijine. Atiku dag dig dug, dag dig dug, ora karuan, aku nyoba nguat-nguatake supaya ora ngeblag. Kanthi ati kang daktata aku wanek-wanekake aweh panyapa marang tamuku kuwi.
“Mangga pinarak.” Ngono pambageku marang wong loro mau.
Dheweke ya lungguh ana ing kursi kang cedhak karo lawang.
“Wonten kawigaten punapa kok rawuh wonten mriki”. Aku miwiti pitakon marang dheweke.
“Niki mekaten, kula punika saking tebih, saking gunung kidul mrika, kula kala wau sampun kepanggih kaliyan panjenengan.” Wong sing rada cendhek menehi wangsulanku.
Lho... aku rada njomblak. Kamangka aku rumangsa durung nate ketemu. Dak iling-iling kok ya ora bisa gathuk karo sing diomongake tamuku iku mau. Aku ya nuli aweh pitakon marang dhewekne.
“Lha panjenengan kepanggih kula wonten pundi?” Pitakonku.
“Kala wau siang panjenengan pinarak dhatheng ngajeng griya kula, kula sawang wau panjenengan nak rokokan Djisamsu tho” mangkono wong kang luwih dhuwur kuwi mangsuli.
Eram temen wong iki, nganti aku rokokan wae ya dhewekne weruh. Kamangka aku durung nate ketemu.
“ Niki makaten”, panjlentrehne, “Kula mriki namung kepengin tepangan luwih gayeng kaliyan panjenengan, amargi kula sawang kala wau siyang panjenengan nembe kemawon pikantuk tugas wonten cedhak griya kula, Kula kaliyan rencang punika badhe tetepangan amargi kula sakanca inggih remen sanget saget tepang kaliyan panjenengan. Kula wastani panjenengan saget aweh pepadhang dumatheng wilayah sakiwa tengene tlatah wonten pangonan kula.”
Aku mikir, apa kang dikarepake wong loro iki, nanging aku meneng dhisik, dakrungokake dheweke guneman kuwi.
“Kaliyan malih,” anyambunge, “ Kula sakanca ugi badhe aweh pambiyantu kangge panjenengan ingkang sampun gawe binggahipun kanca-kanca. Sampun sungkan-sungkan, lirpamane panjenengan badhe ngersakaken sumangga kemawon dhateng kula. Cekap panjenengan kemutan dhumateng kula sakanca, punika sampun saget mangke kula sakanca aweh bantuan dumatheng panjenengan.” Mangkono dhewekne njlentrehake.
“ Kula matur nuwun sanget,” wangsulanku, ”Kula namung saged makaten kemawon, Ngapunten mboten saged nyuguhi punapa-punapa, amargi semah kula sampun sare kala wau.” " Pangapunten, menawi kepareng panjenengan dipun wastani sinten?". " Aku ini Ni Han lan kancaku iki Han Chu, mangkono ing pangonganku uwong-uwong pada ndangu aku mangkono, wangsulan wong loro kuwi. "Sakestu, sakderengipun kula nyuwun pangapunten ingkang katah mbok bilih wonten ingkang prayogi".
“Mboten punapa-punapa, yen makaten, kula sakanca badhe kondur.” Wangsulane wong kang radha cilik.
Aku langsung mbagekake dhewekne saka lawang regol.
Isuk kuwi aku tanggi kaya biasane. Aku banjur nyritakake apa kang dakalami kuwi. Bojoku mung aweh piweling supaya aku ngati-ati ana pangonan kang anyar. Diadohna saka bilahi lan tansah diparingi kesehatan kang apik. Sisihanku uga weling ora perlu dicritakake marang wong liyan, mengko mundhak dadi rame lan tinemu pangraita kang macem-macem marang papan tugasku kang anyar.